Sukmaku
dening Puput Septiani A
“greyooooottt”
swaraning lawang kabukak dening Sukma.kanthi kumendhele ati Sukma dhimik-dhimik
mlebu ana ing gubug tuwa iku. Sepi... ora ana wong sing nyambungi uluk salame
Sukma. Ora ana cahya kang sumunar. Sak wise mlenu ana ing kamar gubug iku,
Sukma weruh ana cahaya lilin ing ngarepe ana wong wadon rambute dawa banget
nganggo klambi putih, nanging ora katon wajahe. Bocah ayu iku saya merinding.
Kepingin metu saka gubug iku. Nanging ora sida, amarga kahanan ing njaba gubug
luwih mbebayani. Preman-preman pasar iku lagi ngejar-ngejar Sukma.
“gusti, aku wedhi”
Udan barat, gludhug jumedor. Adhem banget, angine banter
kaya-kaya arep ngrubuhaken gubug iku. Saka njaba gubung keprungu ana swara sing
ngundangi Sukma.
“Sukmaaa, Sukmaaaaa, Cah ayu...
awakmu ning ndi?”
Kupinge Sukma wis apal marang
sapa sing nduwe swara iku. Ora liya swarane Cahyo. Majikan lanange.
Atine sukma seneng banget, ana
satri sing bakal nyalmetake awake saka kejaran preman-preman pasar lan mbak
kunti.
Swara mau saya suwi saya cetha,
banjur Sukma keget lan gumregah menyak saka kasure.
“aku ning ndi? Mau aku mimpi?
Alhamdulillah mung mimpi ora kasunyatan”
Atine Sukma bungah banget.
Banjr mlayu nemoni majikane.
“inggih pak, ngapunten kula
dereng tangi”
“kowe kenapa? Lara? Ngaso wae
kana! Turu maneh!
“boten pak, panjenengan badhe
sarapan menapa?
“sak anane wae Suk”
Ora let suwi sega goreng wis siyap ana ing meja makan.
Cahyo ngundang Sukma ngakon sarapan bareng ing meja makan. Kepeksa Sukma gelem
sarapan banget, amarga ora penak karo majikane.
“Suk, aku mengko baline rada
telat, merga ana rapat, kowe sing ngati-ati ya! Yen tenan awakmu lagi ora
kepenak, istirahata wae!
“inggih pak”
Cahyo eman banget marang
pembantune sing nduwe lesung pipi iku. Wis dianggep kaya adhine dhewe. Merga
adhine mbiyen yen isih urip mesthi sakumuran karo Sukma. Amung beda 5 taun karo
Cahyo.
Ana ing kantor, atine Cahyo ora kaya biasane. Ora lila
ninggalaken Sukma dhewenan ning ngumah. Rapat malam iki dibatalaken. Cahyo bali
luwih gasik, barang tekan ngumah Sukma ora ana. Jebul iki sing nggawe atine
Cahyo ora karuwan, Sukma ora ana ning ngumah. Ana bekas sepatu kets sing
nemplok ana ing jogan. Tivi lan dhuwit sing ana ing ngumah resik kabeh, ora
ana. Umahe Cahyo bar kemalingan. Lan Suka uga diculik.
Ngadhepi kahanan kaya mengkono, Cahyo ora age-age lapor
polisi. Kelingan yan seminggu kepungkur ana kanca kerjane sing jenenge Laras
ngomong karo dheweke arep nyingkirke pembantune.
“apa iki gaweyane
Laras? Kenapa Laras tegel nemen nglakoni tumindhak durjana kaya ngene?
Muga-muga awakmu slamet Suk” omonge Cahyo. Cahyo langsung njupuk kunci mobile
lan nggoleki Sukma. Muter-muter ana ing komplek perumahane.
Udan deres,
gludhug jumedor ora dadi pepalang anggone Cahyo nggoleki Sukma. Ana ing pos
ronda cedhak pasar, Cahyo weruh Sukma isih ngiyup. Age-age Cahyo marani.
“kowe ora
apa-apa Suk?”
Sukma ora
njawab banjur nangis lan semaput. Cahyo mbopong Sukma mlebu ing mobil lan
digawa meng rumah sakit.
Awake Sukma
padha tatu kaya bar diantemi lan ana tepak setrika ana ing gegere. Dokter nduga yen Sukma bar dianiyaya.
“mas,
panjenengan menika kados pundi? Garwa ayu-ayu kaya ngono kok disiksa” pitakone
dokter marang Cahyo.
“menika sanes
garwa kula Pak, lan kula ugi boten mangertos sinten ingkang nyiksa Sukma”
sumaure Cahyo.
Ora let suwe,
Sukma wis tangi saka semapute. Dheweke njaluk bali marang kampunge ora glem
bali meng umahe Cahyo. Cahyo manut, isuke Sukma diter bali meng kampunge.
ing jero mobil
Sukma karo Cahyo meneng-menengan. Yen Cahyo ngajak omong-omong ora disemauri
Sukma. Aneehhh... iki aneh tenan. Ana apa karo Sukma? Apa iki gara-gara saking
larane awake saenggo ora glem ngomong apa gara-gara liyane? Cahyo ngalamun, meh
bae nabrak tukang semir sepatu sing lagi nyabrang. Untung rem mobile pasek dadi
ora nabrak. Cahyo mudhun saka mobile lan njaluk ngapura marang tukang semir
iku.
“ngapunten
nggih Pak”
“ya, ora papa,
nyupire sing ati2 aja ngalmun nang” sumaure tukang semir sepatu sing tanpa
suwara kang seru.
“inggih Pak,
Cahyo nuntun Bapak ku menyang pinggir dalan. Sukma ngandhani Cahyo supaya ati-ati.”menawi
ngantuk istirahat kemawon Pak”
“iya Suk, aku
mung bingung wae, kenapa ta awakmu? tak jak omong-omong kok meneng wae.
Sebenere ana apa Suk? Cerita wae karo aku. Aku wis nganggep kowe kaya adikku
dhewe, dadai aja sungkan-sungkan cerita ya.”
Sukma namung
manthuk. Bubar kuwi ora ana suwara omong-omongan maneh. Tekan ngomahe Sukma,
langite wis lingsir. Ing ngarep umah mbok Darmi wis mapag Sukma lan Cahyo. Sukma langsung ngrangkul ibune lan
nangis kamisesegen. Iku ndadekaken Cahyo lan Mbok Darmi bingung. Banjur mbok
Darmi nuntun Sukma mlebu ing ngumah.
Ing ruang
tamu, Mbok Darmi nakoni anake sambi ngelus-elus rambute sing dawa lan lurus,
kaya bintang iklan sampo.
“kowe kenapa
ta nduk? Ko wajahe bengep kaya ngono?Mbok Darmi nangis.
Sukma ora
sumaur. Banjur Cahyo ngomong.
“Kula ugi
boten mangertos bu, kala wingi kula wangsul saking kantor sampun boten wonten
Sukma ing nggriya, kula madosi Sukma lan kepanggih wonten ing pos ronda”
“la iki kenapa
wajahe dadi kaya mengkono mbok kapakke?”
“ngapunten bu,
kula ugi boten mangertos. Sukma boten purun cariyos kaliyan kula kados pundi
kedadosanipun. Kula kinten taksih trauma”
“ya wis,
istirahat ngana Cah, kesel awit mau nyupiri. Ibu tak ngajak Sukma meng kamar
sek. Kae ana sego pecel ing ruang makan, ndang mangana!
“inggih bu”
Mbok Darmi
mlebu kamar nuntun Sukma. Sukma isih nangis lan serring nglamun barang
kedadeyan wingi.
“wis nduk, ora
usah dipikiri. Turua apa arep mangan sek?”
Sukma tetep
ora sumaur. Banjur merem.
Mbok Darmi
metu saka kamar banjur nemoni Cahyo sing isih ngalamun ing ruang tamu.
“olaaahh,,, ko
isih ning kenen wae ta?selak lawuhe adhem Cah. Ayo mangan! Ajake Mbok Darmi.
Wong loro iku
mangan ing ruang tamu. Cahyo heran Pak Ahmad ko ora ana ing ngumah? Ana ngendi
bapake Sukma? Tapi Cahyo ora takon marang Mbok Darmi. Banjur Mbok Darmi
nyeritakake Pak Ahmada kaya-kaya negrti apa pitakonan kang an ing batine Cahyo.
“Bapake Sukma
transmigrasi meng Kalimantan dadi buruh ana ing kana. Mula aku sering ngrasa
dhewenan, sepi. Ora ana Sukma lan Bapake.”
“kenapa
transmigrasi bu?” Cahyo takon
“yaa, kanggo
nyaur utang. Mbiyen ibu tau utang marang rentenir. Yen ora age-age dibayar omeh
iki bakal dijaluk.
“nyambut arta
kaliyan sinten bu”
“Mas Nano”
Cahyo krungu
jeneng Nano banjur kagete ora umum. Ing batine “mas Nano? Mas Nano saiki dadi
rentenir?”
“Ayo dipangan,
aja ndongeng terus! Banjur istirahat, kae wis tak siyapke kamar ana ing samping
kiwa ruang tamu Cah!
“inggih bu,
matur nuwun. Jawabe Cahyo
Cahyo mlebu
kamar, nanging ora bisa turu. Ing batin lan pamikire kebak pitakonan. Kenapa
sukma bisa dianiaya kaya ngono? Kenapa mas Nano, mbiyen kanca kerjane dadi
rentenir?
Sang surya wis
ngatonake eseme. Cahyo metu saka kamar weruh Sukma isih lungguh ana ing ngarep
umah. Banjur Cahyo nyedhaki.
“gununge apik
ya?
“inggih, kula
remen ningali gunung saking mriki”
“wis tau
manjat?
“dereng, boten
wonten kancane”
Saka njero
omah, Mbok Darmi ngundang-undang supaya bocah loro mlebu lan sarapan. Bubar
sarapan Cahyo adus lan siyap-siyap bali meng omahe, kerjaane wis numpuk njaluk
digarap.
Ing kantor
dheweke ketemu karo Laras. Cahyo ngajak mangan baren pas jam istirahat. Laras
ora nolak, amarga iki kesempatan sing wis ditunggu-tunggu bisa mangan bareng
Cahyo. “Ras, awakmu ngerti Sukma?”
“iya mas, pembantumu kae kan?”
Laras jawab kanthi mbesengut.
“kowe sing nggawe Sukma berem
ya? Kowe sing nemplokake setrika ana ing gegere? Kowe sing nganiyaya Sukma.
“ora mas, dudu aku”
“ora usah goroh, aku wis ngerti
kalakuanmu”
“iya, aku kabeh sing nganiyaya
Sukma. Merga aku cemburu karo dheweke sing bisa nyandhing awakmu isuk awan sore
bengi, sakumah karo awakmu”
Krungu Sukma ngomong kaya
ngono, Cahyo langsung ngadheg lan ninggalake Laras. Banjur meng kantor maneh
saprelu nemoni mas Nano kanggo nyauri utange bapake Sukma.
Barang wis
seminggu, Cahyo tilik Sukma. Wajahe wis ora mbengep. Wis seger maneh.
Ana ing ngarep omah Sukma lan
Cahyo ndongeng.
“Suk, aku ngerti sapa sing
nganiyaya awakmu, Laras cemburu mulane dheweke nganiyaya awakmu”.
“cemburu? Kok bisa?”.
“dheweke ngerti yen aku tresna
marang sliramu”.
“apa mas?”. Laras ora percaya
apa sing diomongake Cahyo nembe wae.
“aku tresna sliramu Suk” Cahyo
ngegem tangane Sukma.
Sukma nrima tresnane Cahyo,
dheweke isin lan seneng banget. Pipine dadi abang ireng.
“Sesok bapakmu kondur saka
Kalimantan, merga utange wis lunas. Lan dina rebu ngarep, aku meh nglamar kowe.
Siap-siap dandan sing ayu ya hahaha”
Dina Rebo sing ditunggu mara, Sukma ayu banget. Bapak
Ibune bisa kumpul ana ing ngomah semono uga keluwargane Cahyo bali saka
Amerika. Kebeh padha seneng, kecuwali Laras. Nanging Laras wis ngomong yen arep
menyang Kalimantan kanggo nglalekake Cahyo, ing dina pengantene Sukma lan
Cahyo, Sukma mabur ing Kalimantan. “muga-muga kowe karo Sukma langgeng mas”
ucape Laras sinambi nangis.
Rampung
0 komentar:
Posting Komentar