Aku Bisa

Selasa, 14 Januari 2014

Aku Bisa

Kiwa tengen tansah amenging raga iki nggolek ilmu
ilmu kang dhuwur kanggo tumindhak kang luhur
kabeh anggawe atiku ciut
kabeh anggawe pangannku rubuh
nanging tekadku kuat
kanggo anggawe bungahe wong tuwa
ingkang tansah maringi donga pangestu
supaya aku bisa
bisa kuliyah
bisa nggayuh ilmu tanpa biaya
kahanan kang sarwa kurang
dolar ora ana
amung ana receh kanggo sangu urip ing donya
aku bisa
aku bisa njunjung drajade wong tuwa
titenana ing wayah wengi iki
baskara lan kartika dadi seksi
janjiku marang awakku
kanggo wong tuwaku

aku bisa!

Puput S

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.