PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga,
dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi,
ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten
rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati
berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena
ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri
untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia,
namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi
jelas.
02
Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha,
tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur
durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon
sampurna ugi, ing kauripanira.
Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami
jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya.
Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum
mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah
(memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.
03
Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih
ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora
pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun waskita,
sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.
Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati,
hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk
boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau
semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka
bergurulah.
04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang
nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan
kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing
liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah
guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah.
Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan
imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05
Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang
prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang
kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak
sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar
adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis,
ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
06
Nora kena lamun den antepi, yen ucula sing patang
prakara, nora enak legetane, tan wurung ningal wektu, panganggepe wus
angengkoki, nora kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang
sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing tata.
Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat
hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan
‘laku’ sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak
perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.
07
Angel temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena
ginuronan, akeh wong njaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu
ingkang netepi, ing panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan,
nora kena den uwor kareping janmi, papancene priyangga.
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di
zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika
seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah dianggap
salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang,
masing-masing memiliki perbedaan.
08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang
golek sabat, tuhu kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si
murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru
naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang
mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa
lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak
begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai
pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu
Kinanthi).
0 komentar:
Posting Komentar