dening: Evita Putri
Pasuryanmu kang isih
tak eling
Surya kang ana ing
pasuryanmu
Rasane tyasku iki
Mendhem rasa sing
ora kebak warnane
Panjenengane kok ora
enggal kondur
Ragamu tinon tan
cetha
Awakku ora bisa
nyekel saliramu
Kaya dene maruta
kang ana ing sak ubengku
Arep rasane
Aku mulat
panjenengane
Miyarsa endahing
basamu
Ewadene mung ana ing
kembang turuku
Aku hamung bisa
mulat sitimu
Nyekar maneka warna
kembang
Muga-muga
panjenengane tansah rahayu, yuwana
Pinaringan saka
Gusti ing panggonane
0 komentar:
Posting Komentar