PUPUH IV
P A N G K U R
01
Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong
ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku
dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri.
Nasihat ini dibalut dengan tembang Pangkur. Seyogyanya
kau memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu
kau ketahui. Pahami pula ada dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan
tata krama
02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra, duga-duga nora kari.
Jangan kau lupakan pertimbangan, boleh sedikit curiga
karena hal itu merupakan (keharusan) yang tidak boleh kau lupakan, baik ketka
sedang terjaga, duduk, bangun, maupun berjalan, diam, berbicara, maupun tidur
(jangan lupakan nalar).
03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara kang gedhe lan
kang cilik, papat iku aja kantun, kanggo sadina-dina, rina wengi nagara miwah
ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku aja lali.
Demikian pula pertimbangan empat perkara dalam segala
hal baik yang besar maupun yang kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari,
siang atau malam, di kota maupun di desa. (Hal ini berlaku) untuk semua makhluk
yang bernapas.
04
Kalamun ana manusa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku
watake tan patut, awor lawan wong kathah, wong degsura ndaludur tan wruh ing
edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi.
Jika ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar,
itu tak patut berbaur dengan orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tak
tahu adat dan hanya menuruti kemauannya sendiri, (orang seperto itu) akan
membawa kehancuran.
05
Mapan watake manusa, pan ketemu ing laku lawan
linggih, solah muna-muninipun, pan dadi panengeran ingkang, kang apinter kang
bodho miwah kang luhur, kang sugih lan kang melarat, tanapi manusa singgih.
Ciri perilaku manusia itu tampak dari bagaimana
varanya berjalan dan duduk, tindak-tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu
pandai atau bodoh, berderajat tinggi atau hina, kaya atau miskin
06
Ulama miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong
kang jirih, durjana bebotoh kaum, lanang wadon pan padha, panitike manusa
wateke wewatekipun, apa dene wong kang nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.
Ulama atau penjahat, pemberani maupun penakut, pencuri
maupun bebotoh, atau lelaki maupun perempuan semua memiliki ciri-ciri yang
sama.
07
Tinitik ing solah muna, lawan muni ing laku lawan
linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna
iku, yen amawas ing sujanma, datan kongsi mindho gaweni.
Terlihat dari tindak-tanduk, berbicara, berjalan, dan
duduk, itu cirri utama yang mudah diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu,
orang jaman duu tidak pernah salah dalam menilai orang.
08
Masa mengko mapan arang, kang katemu ing basa kang
basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora, iren meren dahwen
pinasten kumingsun, opene nora prasaja, jail mutakil bakiwit.
Masa sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang
baik. Umumnya (manusia sekarang) itu dengki, serakah, dan pembohong, malas,
iri, senang encela, sombong, tidak jujur, jahil, banyak curiga, dan curang
09
Alaning liyan den andhar, ing becike liyan
dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, nora ngrasa alane
dhewe ngendhukur, wong mangkono wateknya, nora kena denpedhaki.
Kejelekan orang lain disebarluaskan, sementara
kebaikan (orang lain) disembunyikan, kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan
dibicarakan dalam pertemuan, tidak merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang
yang bertabiat seperti itu tidak layak kau dekati.
10
Iku wong durjana murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang
karepanipun, nadyan wusa katekan, karepane nora mari saya banjur, luwamah lawan
amarah, iku kang den tut wuri.
Orang seperti itu disebutpenjahat serakah, tidak
pernah merasa puas meskipun semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya
tidak ernah berhenti, malah semakinmenjadi-jadi, menurutkan hawa nafsu lawamah
dan amarah.
11
Ing sabarang tingkah polah, ing pangucap tanapi lamun
linggih, sungkan asor ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane
dhewekipun, nora nana kang memadha, angrasa luhur pribadi.
Segala tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk,
tabiatnya tidak mau dikalahkan oleh orang lain, tidak mau ada yang menyamai, ia
merasa dirinya paling tinggi.
12
Aja nedya katempelan, ing wewatek kang tan panates ing
budhi, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manusa, dipun sami karya labuhan
kang patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri.
Jangan sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas
karena perilaku jahat seperti itu tidak patut disandang manusia. Seyognya
berbuatlah kebajikan sehingga menjadi suri teladan dan panutan di kemudian
hari.
13
Aja lunyu lemer genjah, angrong pasanakan nyumur
gumuling, ambubut arit puniku, watek datan raharja, pan wong lunyu nora pantes
dipunenut, monyar-manyir tan anteban, dela lemeran puniku.
Janganlah bersikap lunyu lemer genjah, angrong
pasanakan nyumur gumuling, dan ambubut arit karena sifat itu tidak akan menyelamatkanmu, tidak
patut kau anut. Watak lunyu itu artinyakata-katanya tidak bisa dipegang,
sedangkan sifat lemer
14
Para penginan tegesnya, genjah iku cak-cekan barang
kardi, angrong pasanak liripun, remen ulah miruda, mring rabine sadulur miwah
ing batur, mring sanak myang prasanakan, sok senenga den ramuhi.
Adalah mudah tergiur sesuatu. Genjah artinya senang
berkata jorok, angrong pasanakan artinya senang berselingkuh dengan istri
orang, dan jika sudah mencintai istri sahabat atau kerabat harus terlaksana.
15
Nyumur guling linira, ambeladhah nora duwe wewadi,
nora kene rubung-rubung, wewadine den umbar, mbuntut arit punika pracekanipun,
ambener ing pangarepan, nanging nggarethel ing wuri.
Nyumur gumuling artinya tidak dapat menyimpan rahasia,
jika mendengar kabar (meskipun sebagian) langsung disebarluaskan. Mbuntut arit
artinya di awal terdengar baik tapi menggerutu di belakang.
16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung amrih oleh
pribadi, iku labuhan patut, aja na nedya nulad, ing wateking nenem prakara
punika, sayogyane ngupayaa, lir mas tumimbul ing warih.
Semua yang diucapkannya hanya untuk keuntungan diri
sendiri. Hal itu bukan kebajikan yang baik, dan jangan ada yang meniru keenam
sifat di atas. Seyogyanya berlakulan seperti emas yang tersembul di permukaan.
(mas tumimbul merupakan isyarat pola tembang berikutnya yaitu maskumambang).