Tak Kabulake Panjalukmu

Kamis, 19 Desember 2013

Dening: Ervin Y S

Ning kene, ning taman cedhak kampus aku karo bocah lanang sing wis sah dadi pacarku. Bocah lanang bagus, irunge mancung, lan pawakan dhuwur iki sing dadi pikiranku wetara 3 taun suwene. Mbiyen aku mung bisa nyawang saka kadohan, nanging wis 6 sasi lawase nalika aku ora nyadari yen aku sing ngomong menawa aku tresna marang dheweke ana ing tengah lapangan kampus, saiki aku bisa nyawang dheweke saka cedhakan kapan wae.
            Saiki dheweke lagi mangan panganan sing takgawe.
“Sayang, piye rasane panganane? Enak apa ora?” Pitakonku marang dheweke karo tak sawang.
“Hmmm…” Yudi namung nggereng.
            Mesthi namung ngomong kaya mangkono, dheweke ora tau ngakoni yen aku iki pacare. Aku ya krasa menawa dheweke ora tresna marang aku. Nalika wonge  nyawang aku, ora ana rasa sing istimewa kanggo aku.
“Mangane alon-alon wae, ora usah kesusu.” kandhaku marang dheweke karo ngresiki sing cepres ana lambene.
“Aja nyandhak aku sakpenakmu.” Dheweke nyampluk tanganku karo kasar.
            Dheweke mesthi ngomong kaya ngono nalika aku nyandhak dheweke. Mbuh piye, dheweke ya ora tau gelem nalika takgandheng tangane, dheweke ngomong yen cara ngono kuwi kaya bocah cilik.
“Aku kan mung ngresikki sing cepres, kena apa kowe mesthi kaya ngene.” Pitakonku lirih.
“Aku wis ngomong, aja tumindak yen kowe kuwi dadi pacarku temenan. Aja ngarepake sing luwih saka hubungan iki!” Yudi nggetak aku terus menyang lunga.
            Aku namung bisa nyawang dheweke sing terus-terusan ngadohi aku. Nanging dheweke mandhek lan marani aku maneh.
“Ayo ning kelas, aku moh nak telat mlebu kuliyah.” Dheweke ngomong kaya mangkono, tak kira dheweke arep njaluk ngapura marang aku.
“Iya.” Aku ngetutke saka mburi, ngerti-ngerti dheweke mandhek lan madhep mburi, lan aku nabrak awake. Dheweke ngelungake wadah pangananku mau.
“Iki wadahmu, mulai sesuk lan sateruse ora usah nggawekake panganan maneh. Masakanmu iku ora enak, lan aja nyeluk aku sayang, kuwi aku gila.” Dheweke ngomong banjur mlebu kelas.
“Jarene ora enak, nanging nyatane ya entek.” Tak bukak wadhah pangananku jebule kosong ora ana isine. Banjur aku mlebu kelas lan ing sisih panggonanku wis ana kanca kenthelku sing jenenge Hana, aku wis kenal dheweke suwe amarga tanggaku.
“Eh…” guyonanku, nanging Hana nyawang aku kanthi ekspresi sing ora menak.
“Rika, kowe nggawe panganan maneh kanggo Yudi? Tekan kapan kowe arep kaya ngene? Kowe apa ora ngerti, dheweke ora tresna karo kowe. Yudi nampa kowe amarga dheweke mung kepengin kowe dadi dolanan. Rika goblok!!” Hana mesthi ngomong kaya mangkono, dheweke mesthi ngakon aku supaya ora tresna marang Yudi maneh. Amarga dheweke krasa menawa aku digawe lara ati wae dening Yudi.
“Ben aku dadi wong egois kanggo masalah iki.” Jawabku sakanane.
Nyawang Yudi pas lagi serius kuwi nyenengke banget. Dheweke ketok tambah ganteng pas lagi mesem. Aku ora peduli wong-wong arep ngomong kepiye tentang aku, sing penting aku tresna marang pacarku, aku arep mertahanke hubungan iki.
**
            Dina iki aku ngajak Yudi kencan, amarga sasuwene 6 sasi, yen aku ngajak dheweke kencan mesthi ngomong ora gelem. Aku kudu berhasil ngajak dheweke kencan dina iki.
“Aku njaluk tulung dina iki tok, aku pengin ning taman hiburan. Ayo, awake dhewe kan ora tau kencan.” Panjalukku marang Yudi,
“Aku moh!!! Ngisinke”. Jawabane Yudi sing arep lunga nanging tangane ketarik, banjur aku ngomong maneh.
“Ayo pokoke, yen kowe mengko wis bosen, kowe muliha dhisik.” Panjalukku maneh. Muga-muga dheweke ora nolak.
“Ck… Hish…Crewet!!!.” Getakane Yudi, nanging gelem mangkat kencan.
            Sawise tekan taman hiburan, aku lan Yudi numpak kabeh wahana kang ana ing kana. Aku ngerti dheweke ya seneng amarga dheweke ngguya-ngguyu pas nyawang aku keweden. Saiki wayahe numpak bianglala, saka dhuwur kota iki katon endah amarga cahaya lampu gedung lan kendharaan.
“Wah…endah banget.” Tak sawang Yudi mung mesem karo nyawang aku. Aku ora bisa nglakoni apa-apa maneh, iki eseman kang durung tau tak weruhi. Dheweke mesem kanggo aku.
“Yud, kowe ngerti? Pas kowe mesem, kowe ketok tambah ganteng.” Pujiku
“Hmm…” jawabane Yudi singkat.
“Ewadene kowe nduwe pepengin, apa sing arep kok pengini? Aku arep usaha ngabulake panjalukmu.” Pitakonku marang Yudi
“Apa bener kowe arep ngabulake?” Yudi samsaya nyedhak,
            Dheweke terus nyawang aku. Jarak samsaya tipis, dheweke ngambung aku. Iki ciuman sing pertama.
“ Apa dheweke wis tresna marang aku?” Pitakonku ing jero ati.
“Aku pengin kowe lunga saka uripku, aku pengin kowe cepet-cepet mutus aku, aku bosen saben dina kowe ana ing sisihku. Apa bisa?” Jawabane saka Yudi
            Atiku rasane remuk, mocar-macir. Takkira dheweke ngambung mau, miwiti menawa dheweke wis mulai tresna marang aku, nanging nyatane ora. Dheweke wis kerep ngomong supaya aku cepet-cepet mutusake dheweke.
“Aku ora bisa, aku moh!!. Apa sing mbok lakoni, aku ora peduli. Aku arep mertahanke sakkuatku. Aku tresna marang kowe. Aku ngerti kowe tresna marang aku nanging mung sithik. Ngapurane.” Aku nangis, eluhku ora kuat taktahan.
            Bianglala wis mandhek lan Yudi mudhun dhisik. Aku sibuk ngelapi eluhku mau.
“Aja rumangsa lan aja ngimpi aku tresna marang kowe. Kuwi ora mungkin klakon.” Dheweke banjur lunga ninggalake aku.
***
            5 dina sawise ana kejadian ing taman hiburan, Rika ora mangkat kuliyah. Yudi ngrasa rada kuwatir, nanging mung sithik. Dheweke mikir, apa kata-katane kae kejeron. Jan-jane pas ana ing sacedhake Rika, jantunge krasa deg-degan lan gugup. Nanging kanggo nutupi rasa gugupe mau, dheweke kasar marang Rika. Apa mungkin Yudi mulai tresna marang Rika? Ora mungkin!
“Dheweke ning endi? Pacar kaya apa dheweke iki? Kena apa ora menehi kabar babar blas?” pitakone Yudi ana ing jero ati.
Dheweke pengin takon marang Hana , nanging gengsi.
“Ana apa marang dheweke? Hah..wislah kanggo apa aku peduli. Kaya ngene luwih apik amarga ora ana sing ngganggu aku.” batine Yudi
***
“Rika…..” bengokane Hana pas aku mlebu ana kelas.
“Ora usah bengok-bengok, brisik banget.” Jawabku
 “Apa kowe wis mari? Kan kowe isih lara? Ngapa dipeksa mlebu kuliyah?” pitakone Hana sing akeh banget, dheweke pancen kanca kenthelku.
“Aku wis mari, ora apa-apa. Tenang wae.” Jawabku kanggo nutupi. Jan-jane sirahku ya isih mumet, nanging tak peksa mangkat kuliyah supaya aku ketemu pacarku Yudi, sing ora tau nakoki piye kabarku suwene seminggu iki. Paling dheweke gengsi.
            Dheweke teka. Yudi wis teka. Dheweke nyawang aku kanthi ekspresi lega. Apa iku tandane dheweke kuwatir dening keslametanku? Aku banjur marani dheweke.
“Yud, aku njaluk ngapura ora menehi kabar marang kowe seminggu iki. Aku lagi ana kepentingan kluarga. Kowe ora nesu kan? Aku kangen banget marang kowe.” Jelasku karo nyikep dheweke, iki kadingaren dheweke ora nolak.
“Apa kowe ora tau mangan? Awakmu kuru banget!” pitakone karo ngeculake sikepanku.
“Pancen akhir-akhir iki aku kerep muntah lan ngelu. Aku ya kurang turu.” Jawabanku marang dheweke.
“Paling amarga kowe keselen.” Pitakone yudi maneh.
“Kowe kuwatir marang aku? Nuwun, aku tresna marang kowe. Cup..” aku ngambung Yudi banjur aku mlayu metu saka kelas.
            Bungah banget atiku dina iki. Yudi kuwatir dening aku. Yeeyy ……
***
            Yudi deg-degan banter banget pas Rika ngambung mau. Raine ngerti-ngerti maleh dadi abang.
“Duh Gusti, kena apa aku deg-degan nanging rasane seneng banget? Apa aku wis tresna marang Rika?. Aku kudu cepet-cepet mbubarake iki kabeh. Aku moh yen tresnaku samsaya akeh. Aja nganti!” Batin Yudi ing jero atine. Dheweke mikir kepriye carane mbubarake iki kabeh. Supayane Rika njaluk putus.
***
            Pirang-pirang dina iki polahe Yudi samsaya apik. Muga-muga iki tandane yen dheweke tresna marang aku. Aku arep ning kelas kanggo menehake hadiah. Muga-muga dheweke seneng karo hadiahku. Dina iki kampus lumayan sepi, nalika aku lewat lorong, aku weruh Yudi, ngambung bocah wadon liya. Duh Gusti atiku lara maneh. Kena apa dheweke nglakoni iki? Aku ndelik, eluhku netes maneh. Iki samsaya gawe atiku tambah mocar-macir.
“Aku tresna banget marang kowe. Ora usah peduli marang bocah wadon sing jenenge Rika kuwi. Dheweke namung benalu kanggoku. Dheweke goblok banget kanggo dadi pacarku. Kowe percaya marang aku ta?” pitakone Yudi marang bocah wadon kuwi , banjur disikep.
            Aku wis ora tahan, aku wis ora kuat. Aku benalu? Aku banjur lunga. Iki atiku rasane remuk tenan. Sirahku rasane tambah lara, dadaku dadi sesek.
***
            Nalika Yudi ngerti Rika arep ning kelas, banjur dheweke ngakon bocah wadon mau supaya ngambung dheweke. Yudi sengaja nglakoni iki supaya Rika cepet-cepet njaluk putus.
            Wis 2 minggu punjul Rika ora mangkat. Yudi bener-bener krasa salah. Dheweke kuwatir karo Rika. Tau pisan dheweke takon marang Hana nanging digetak.
“Aku ora ngerti, ngapa kowe takon masalah Rika. Kowe sapane Rika??!! Sawise apa sing wis kok lakoni, ora usah peduli karo Rika maneh. Kowe ngomong yen Rika kuwi benalu.” Jawabane Hana sing sengit.
            Kelas kosong amarga dosene ora rawuh. Yudi nyawang Hana sedhih nalika nampa telpon. Sithik-sithik Hana ngomong jenenge Rika. Hana lunga karo kesusu. Tanpa mikir dawa Yudi mbuntuti Hana.
            Satekane ing rumah sakit, Yudi nyawang Hana nangis ing salah sawijining ruangan.
“Sapa sing ditangisi?” batin Yudi. Banjur ana ibu-ibu sing nyeluki Yudi.
“Yudi, kowe Yudi?” Pitakone ibu-ibu mau kang tembem mripate amarga bekas nangis.
“Nggih leres, kula Yudi.” Jawabane Yudi kanthi sopan.
“Pantes… kowe pancen bagus. Nuwun, kowe wis dadi alesan Rika kanggo tahan urip suwe.” Jelase ibune Rika.
            Yudi samsaya tambah bingung, ana apa iki sabenere. Aja-aja Rika… banjur Yudi mlayu ana ruangan kuwi.
“Rika…” Yudi mbengok.
            Pacare, iku Rika bocah sing ditresnani nanging wis kaku lan wis ora ana nyawane kanthi mesem. Yudi nangis.
“Iki Rika? Rikaku??” Yudi ngomong lirih karo nangis.
“Aku wis tresna marang kowe Rika, ayo tangi. Apa kowe wis ora kangen aku maneh? Rikaaaaaa…” Yudi mbengok banter lan tangise uga samsaya banter.
            Kijing Rika sing dadi seksi. Kepriye larane ati Yudi. Dheweke nyesel banget wis ngapusi atine dhewe. Yudi bener-bener tresna marang Rika.
“Rika lara leukemia 4 taun kepungkur. Dheweke ora gelem dirawat, nanging sawise dheweke ngerti kowe ing kampus 3 taun kepungkur, dheweke lagi gelem dirawat. Rika ngomong yen dheweke kudu urip kanggo sawijining wong sing ditresnani.” Jelasane ibune Rika karo ngelungake surat saka Rika kanggo Yudi.
Yudi krasa yen awake dadi bocah sing paling dosa. Dheweke wis nyia-nyia wong sing tresna banget marang awake. Yudi buka surat mau.
            Kanggo sayangku Yudi,
Aku kangen kowe. Nuwun wis dadi pacarku. Aku wis seneng. Ngapurane wis ninggalake kowe ngono wae. Kowe kudu urip kanthi luwih apik maneh. Aja nganti telat mangan. Kowe kudu golek pacar sing tresna marang awakmu. Oo ya Yud, aku arep ngabulake panjalukmu.
“YUDI, AYO AWAKE DHEWE PUTUS”
Aku tresna marang sliramu, Yudi pacarku.
“Aku uga tresna marang awakmu Rik. Aku njaluk pangapurane. Awake dhewe bakal ketemu mbesuke. Nuwun Rika sayangku.” Omonge Yudi karo mesem nanging eluhe mbrebes mili ana ing pipi.


0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.