A
Adhang-adhang tetese embun : njagakake
barang mung sak oleh-olehe.
Adigang, adigung, adiguna : ngendelake
kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
Aji godhong garing (aking) : wis ora
ana ajine / asor banget.
Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake
rerasan kang ora becik.
Ana daulate ora ana begjane : arep nemu
kabegjan nanging ora sida (untub-untub).
Ana gula ana semut : papan sing akeh
rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe
anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.
Anggenthong umos (bocor/rembes) : wong kang
ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mongso : golek waktu kang prayoga
kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan : ngulatake
kahanan menawa kalimpe banjur dicolong.
Arep jamure emoh watange : gelem kepenake
ora gelem rekasane.
Asu rebutan balung : rebutan barang kang
sepele.
Asu belang kalung wang : wong asor nanging
sugih.
Asu gedhe menang kerahe : wong kang dhuwur
pangkate mesti bae gede panguwasane.
Asu marani gebuk : njarak / sengaja marani
bebaya.
Ati bengkong oleh obor : wong kang duwe
niyat ala malah oleh dalan.
B
Baladewa ilang gapite (jepit wayang)
: ilang kekuwatane / kaluhurane.
Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar)
: pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane.
Bathang lelaku : lunga ijen ngambah
panggonan kang mbebayani.
Bathok bolu isi madu (bolong telu) : wong
asor nanging sugih kepinteran.
Blaba wuda : saking lomane nganti awake
dhewe ora keduman.
Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh
wong kang podho pintere.
Becik ketitik ala ketara : becik lan ala
bakal konangan ing tembe mburine.
Belo melu seton (malem minggu) : manut
grubyuk ora ngerti karepe (taklid).
Beras wutah arang bali menyang takere
: barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.
Bidhung api rowang : ethok-ethok nulung
nanging sejatine arep ngrusuhi.
Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho)
: wong bodho sering nglakoni, kalah pinter ro wong pinter nanging durung
tau nglakoni.
Bubuk oleh leng : wong duwe niyat ala oleh
dalan.
Bung pring petung : bocah kang
longgor (gelis gedhe).
Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong
nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud.
Buru (mburu) uceng kelangan dheleg : golek
barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe.
Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong
bodho lan pinter padha wae nemu cilaka.
C
Carang canthel : ora diajak guneman nanging
melu-melu ngrembug.
Car-cor kaya kurang janganan
: ngomong ceplas-ceplos oran dipikir disik.
Cathok gawel (timangan sabuk) : seneng
cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.
Cebol nggayuh lintang : kekarepan kang ora
mokal bisa kelakon.
Cecak nguntal cagak (empyak) : gegayuhan
kang ora imbang karo kekuwatane.
Cedhak celeng boloten (gupak lendhut)
: cedhak karo wong ala bakal katut ala.
Cedhak kebo gupak : cedhak karo wong
ala bakal katut ala.
Ciri wanci lelai ginawa mati : pakulinan
ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
Cincing-cincing meksa klebus : karepe
ngirit nanging malah entek akeh.
Criwis cawis : seneng maido nanging yo
seneng menehi/muruki.
Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah
panggonane bakal disingkirake : wong kang njalari ala becike disingkirake.
D
Dadiya banyu emoh nyawuk,
dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut : wis ora
gelem nyanak / emoh sapa aruh.
Dahwen ati open (seneng nacad)
: nacad nanging mbenerake wong liya.
Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake
dandhang : ala dianggep becik, becik dianggep ala.
Desa mawa cara, negara mawa tata : saben
panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah
diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.
Digarokake dilukoke : dikongkon nyambut
gawe abot.
Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat
: wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi sithik
ora trima, malah njaluk sing akeh.
Dom sumuruping mbanyu : laku sesideman
kanggo meruhi wewadi.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
: senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani.
Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi :
wong kang nesu banget.
Dudutan lan anculan (tali memeden sawah)
: padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
Durung pecus keselak besus : durung sembada
nanging kepengin sing ora-ora.
E
Eman-eman ora keduman : karepe eman malah
awake dewe ora keduman.
Emban cindhe emban siladan (slendang iratan
pring) : pilih kasih / ora adil.
Embat-embat celarat (klarap) : wong
nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
Emprit abuntut bedhug : perkara sing maune
sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.
Endhas gundul dikepeti : wis kepenak
ditambahi kepenak maneh.
Endhas pethak ketiban empyak : wong kang
bola-bali nemu cilaka.
Enggon welut didoli udhet : panggone wong
pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.
Entek ngamek kurang golek : anggone
nyeneni/nguneni sakatoge.
Entek jarake : wis entek kasugihane.
Esuk dhele sore tempe : wong kang ora tetep
atine (mencla mencle).
G
Gagak nganggo lar-e merak : wong asor
/ wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).
Gajah alingan suket teki : lair lan batine
ora padha, mesthi bakal ketara.
Gajah (nggajah) elar : sarwa gedhe lan
dhuwur kekarepane.
Gajah ngidak rapah (godhong garing)
: nerang wewalere dewe.
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe
: wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik sing dadi korbane.
Garang garing : wong semugih nanging sejatine
kekurangan.
Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan
: golek utang kanggo nyaur utang.
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput
: samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh
: senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.
Golek banyu bening : meguru golek kawruh
kang becik.
Golek-golek ketemu wong luru-luru : karepe
arep golek utangan malah dijaluki utang.
Gupak pulute ora mangan nangkane : melu
rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
I
Idu didilat maneh : murungake janji kang
wis diucapake.
Iwak lumebu wuwu : wong kena apus kanthi
gampang.
J
(n)Jagakake endhoge si blorok : njagagake
barang kang durung mesthi ana lan orane.
(n)Jajah desa milang kori : lelungan
menyang ngendi-endi.
Jalma angkara mati murka : nemoni cilaka
jalaran saka angkara murkane.
(n)Jalukan ora wewehan : seneng njejaluk
ora seneng menehi.
Jati ketlusupan ruyung : kumpulane wong becik
kelebon wong ala.
Jaran kerubuhan empyak : wong wis kanji
(kapok) banget.
Jarit lawas ing sampire : duwe kapinteran
nanging ora digunakake.
Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan
mbutuhake wragat.
Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi
rekasa.
(n)Junjung ngetebake / ngebrukake
: ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.
K
Kacang ora ninggal lanjaran : kebiasa-ane
anak nirokake wong tuwane.
Kadang konang : gelem ngakoni sedulur mung
karo sing sugih.
Kala cacak menang cacak : samubarang
panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane.
Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega
: wong sing ora duwe papan panggonan.
Katepang ngrangsang gunung : kegedhen
karep/panjangka sing mokal bisa kelakon.
Katon kaya cempaka sawakul : tansah
disenengi wong akeh.
Kaya banyu karo lenga : wong kang ora bisa
rukun.
Kakehan gludug kurang udan : akeh omonge
ora ana nyatane.
Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang
gedhe banget.
Kebat kliwat, gancang pincang : tumindak
kesusu mesthi ora kebeneran.
Kebo bule mati setra : wong pinter nanging
ora ana kang mbutuhake.
Kebo ilang tombok kandhang
: wis kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu.
Kebo kabotan sungu : rekasa kakehan
anak / tanggungan.
Kebo lumumput ing palang : ngadili perkara
ora nganggo waton.
Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga
adoh bali menyang omahe / asale.
Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wulang
wong enom.
Kegedhen empyak kurang cagak : kegedhen
karep nanging ora sembada.
Kajugrugan gunung menyan : oleh kabegjan
kang gedhe banget.
Kekudhung walulang macan : ngapusi nggawa
jenenge wong kang diwedeni.
Kelacak kepathak : ora bisa mungkir jalaran
wis kebukten.
Kena iwake aja nganti buthek banyune : sing
dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak.
Kencana katon wingko : senajan apik nanging
ora disenengi.
Kendel ngringkel, dhadang ora godak
: ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho.
Kenes ora ethes : wong sugih amuk nanging
bodho.
Keplok ora tombok : wong senengane komentar
thok nanging ora gelem tumindak.
Kere munggah mbale : batur dipek bojo karo
bendarane.
Kere nemoni malem : wong kang bedigasan /
serakah.
Kerot ora duwe untu : duwe kekarepan
nanging ora duwe beaya / wragat.
Kerubuhan gunung : wong nemoni kesusahan
sing gedhe banget.
Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang
: nemoni cilaka kang ora kenyana-nyana.
Ketula-tula ketali : wong kang tansah
nandang sengsara.
Kethek saranggon : kumpulane wong kang
tindakane ala.
Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadhang
: wong kang ora duwe panggonan sing tetep.
Klenthing wadah uyah : angel ninggalake
pakulinan tumindak ala.
Kongsi jambul wanen : nganti tumekan tuwa
banget.
Krokot ing galeng : wong kang mlarat
banget.
Kriwikan dadi grojogan : prakara kang maune
cilik dadi gedhe banget.
Kumenthus ora pecus : seneng umuk nanging
ora sembada.
Kurung munggah lumbung : wong asor / cilik
didadekake wong gedhe.
Kuthuk nggendhong kemiri : manganggo kang
sarwo apik/aji liwat dalan kang mbebayani.
Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk
: njarag marani bebaya.
Kuncung nganti temekan gelung : suwe banget
anggone ngenteni.
L
Ladak kecangklak : wong kang angkuh nemoni
pakewuh, marga tumindake dewe.
Lahang karoban manis : rupane bagus / ayu
tur luhur budine.
Lambe satumang kari samerang : dituturi
bola-bali meksa ora digugu.
Lanang kemangi : wong lanang kang jireh.
Legan golek momongan : wis kepenak
malah golek rekasa.
Lumpuh ngideri jagad : duwe karepan kang
mokal bisa keturutan.
M
Maju tatu mundur ajur : perkara kang sarwa
pakwuh.
Matang tuna numbak luput : tansah luput
kabh panggayuhan.
Mbuang tilas : ethok-ethok ora ngerti
marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni.
Meneng widara uleran : katon anteng nanging
sejatin ala atine.
Menthung koja kena sembagine : rumangsane
ngapusi nanging sejatine malah kena apus.
Merangi tatal : mentahi rembug kang wis
mateng.
Mikul dhuwur mendhem jero : bisa njunjung
drajate wong tuwa.
Milih-milih tebu oleh boleng : kakehan
milih wekasan oleh kang ora becik.
Mrojol selaning garu : wong kang luput saka
bebaya.
Mubra-mubra mblabar madu : wong sing sarwa
kecukupan.
N
Nabok anyilih tangan : tumindak ala kanthi
kongkonan uwong liya.
Ngagar metu kawul : ngojok-ojoki supaya
dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempan.
Ngajari bebek nglangi : panggawean sing ora
ana paedahe.
Ngalasake negara : wong sing ora manut
pranatane negara.
Ngalem legining gula : ngalembana
kepinterane wong kang pancen pinter/sugih.
Ngaturake kidang lumayu : ngaturake barang
kang wis ora ana.
Nglungguhi klasa gumelar : nindakake
panggawean kang wis tumata.
Ngontragake gunung : wong cilik/asor bisa
ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe gegere wong akeh.
Nguthik-uthik macan dhedhe : njarag wong
kang wis lilih nepsune.
Nguyahi segara : weweh marang wong sugih
kang ora ana pituwase.
Nucuk ngiberake : wis disuguhi mangan
mulih isih mbrekat.
Nututi layangan pedhot : nggoleki barang
sepele sing wis ilang.
Nyangoni kawula minggat : ndandani barang
sing tansah rusak.
Nyolong pethek : tansah mleset saka
pametheke/pambatange.
O
Obah ngarep kobet mburi : tumindake
penggede dadi contone/panutane kawula alit.
Opor bebek mentas awake dhewek : rampung
saka rekadayane dhewe.
Ora ana banyu mili menduwur : watake anak
biasane niru wong tuwane.
Ora ana kukus tanpa geni : ora ana sbab
tanpa akibat.
Ora gonjo ora unus : wong kang ala atine
lan rupane.
Ora mambu enthong irus : dudu sanak dudu
kadhang.
Ora tembung ora tawung : njupuk barang
liyan ora kandha disik.
Ora uwur ora sembur : ora gelem cawe-cawe
babar pisan.
Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa.
Othak athik didudut angel : guneme sajak
kepenak, bareng ditemeni jebule angel.
P
Palang mangan tandur : diwenehi kapercayan
malah gawe kapitunan.
Pandengan karo srengenge : memungsuhan karo
penguwasa.
Pandhitane antake : laire katon suci batine
ala.
Pecruk (manuk kag magan iwak) tunggu bara
: dipasrahi barang kang dadi kesenengan.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan
: wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.
Pupur sadurunge benjut : ngati-ati
sadurunge benjut.
R
Rampek-rampek kethek : nyedak-nyedak mung
arep gawe kapitunan.
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
: samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.
Rebut balung tanpa isi : pasulayan merga
barang kang sepele.
Rindhik asu digitik : dikongkon nindakake
penggawean kang cocok karo kekarepane.
Rupa nggendhong rega : barang apik regane
larang.
Rukun agawe santosa, crah
agawe bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah
mesthi padha bubrah/rusak.
S
Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak
samubarang aja kesusu supaya kasil.
Sabaya pati, sabaya mukti : kerukunan kang
nganti tekan pati.
Sadumuk bathuk sanyari bumi : pasulayan
nganti dilabuhi tekaning pati.
Sandhing kebo gupak : cedhak wong tumindak
ala, bisa-bisa katut ala.
Satru mungging cangklakan : mungsuh wong
kang isih sanak sedulur.
Sadhakep awe-awe : wis ninggalake
tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.
Sembur-sembur adus, siram-siram bayem
: bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh.
Sepi ing pamrih, rame ing gawe : nindakake
panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.
Sing sapa salah bakal seleh : sing sapa
salah bakal konangan.
Sluman slumun slamet : senajan kurang
ati-ati isih diparingi slamet.
Sumur lumaku tinimba, gong
lumaku tinabuh : wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.
T
Tebu tuwuh socane : prakara kang wus apik,
bubrah marga ana sing ngrusuhi.
Tega larane ora tega patine : senajan
negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.
Tekek mati ing ulone : nemoni cilaka margo
saka guneme dhewe.
Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul
sunambiwara : kabar kang durung mesthi salah lan benere.
Timun jinara : prakara gampang banget.
Timun mungsuh duren : wong cilik mungsuh
wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.
Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho
kanggone yen kekurangan wae.
Tinggal glanggang colong playu : ninggalake
papan pasulayan.
Tulung (nulung) menthung : katone nulungi
jebule malah nyilakani.
Tumbak cucukan : wong sing seneng adu-adu.
Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha
nanging bathi paseduluran.
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati
: prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik.
U
Ucul saka kudangan : luput saka gegayuhane.
Ulat madhep ati manteb : wis manteb
banget kekarepane.
Undaking pawarta, sudaning kiriman
: biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.
Ungak-ungak pager arang : ngisin-isini.
W
Welas tanpa lalis : karepe welas nanging
malah gawe kapitunan.
Wis kebak sundukane : wis akeh banget
kaluputane.
Wiwit kuncung nganti gelung : wiwit cilik
nganti gedhe tuwa.
Y
Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal
slamet, sing sembrana bakal cilaka.
Yiyidan mungging rampadan : biyene wong
durjana/culika saiki dadi wong sing alim.
Yuwana mati lena : wong becik nemoni cilaka
marga kurang ngati-ati.
Yuyu rumpung mbarong ronge : omahe
magrong-magrong nanging sejatine mlarat.
0 komentar:
Posting Komentar