Tembung Camboran

Kamis, 19 Desember 2013

Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji.

Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:
Tembung camboran wutuh/tunggal
Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Tuladha:

anjani putra : anoman 
bala pecah : barang gamapang pecah 
bapa biyung : wong sing ngukir jiwa raga 
buntut urang : rambut ing githok 
gantung kepuh : ora tau ganti sandhangan 
gantung siwur : katurunan kang kaping pitu 
gotong mayit : anak 3 wadon kabeh 
gilir kacang : anak akeh giliran lanang lan wadon 
imagiri : araning panggonan (desa) ing bantul 
jaran kepang : wewangunan kaya jaran digawe saka kepang 
juru kunci : tukang ngrumat papan kramat, sareyan 
kacamata : tesmak, piranti kanggo ndeleng 
kadhal menek : araning gelung (pungkasaning gurung) 
kala menjing : jendholan ing gulu tumrap wong lanang 
karang malang : araning desa 
mata tuwa : wong tuwane bojo 
nagasari : araning panganan 
perang rusak : araning bathik 
randha royal : araning panganan 
semar mendem : araning panganan 
tutup keyong : peperangan omah kampung 
udan riris : corak bathik 
wanasaba : araning kutha 

Tumbang camboran tugel/wudhar
Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Tuladha:

bangjo : abang ijo 
bulik : ibu cilik 
dhelik : gedhe cilik 
dhengus : gedhe bagus 
dubang : idu abang 
kakkong : tungkak bokong 
kongel : bokong cengel 
kosik : mengko dhisik 
lunglit : balung kulit 
pakdhe : bapak gedhe 
pakpuh : bapak sepuh 
perko : emper toko 
tingwe : nglinting dhewe 
thukmis : bathuk klimis 

Tuladha Tembung Saroja


  • Adi luhung
  • Ajur mumur
  • Amrik minging
  • Andhap asor
  • Angkat junjung
  • Arum wangi
  • Asih tresna
  • Babak belur
  • Babak bundhas
  • Bagas waras
  • Bala koswa
  • Baya pakewuh
  • Bayu bajra
  • Bibit kawit
  • Bojana andrawina
  • Budi pakarti
  • Campur adhuk
  • Campur bawur
  • Candhak cekel
  • Colong jupuk
  • Dana driyah
  • Dana weweh
  • Dhawuh pangandika
  • Dhawuh timbalan
  • Dhedhep tidhem
  • Dhodhok seleh
  • Donga puji
  • Edi peni
  • Gagah prakosa
  • Galap gangsul
  • Gandhes luwes
  • Gendhon rukon
  • Gilir gumanti
  • Girang gumuyu
  • Godha rencana
  • Guyub rukun
  • Iguh pratikel
  • Jalma manungsa
  • Japa mantra
  • Jebat kasturi
  • Jejel riyel
  • Jungkir walik
  • Kadang kadeyan
  • Kadhang kala
  • Kajen karingan
  • Kasep lalu
  • Kepalu kepenthung
  • Kepalu ketutu
  • Kesampar kesandhung
  • Kocap kacarita
  • Kongas ngambar
  • Kukuh bakuh
  • Labuh labet
  • Lagak lageyan
  • Lagak lagu
  • Lalu lunges
  • Lega lila
  • Lir pendah
  • Malang megung
  • Mobah mosik
  • Mudha dama
  • Mudha pinging
  • Mudha punggung
  • Mudha taruna
  • Mukti wibawa
  • Mula buka
  • Mulang muruk
  • Murub mubyar
  • Nistha papa
  • Njarah rayah
  • Nyampar nyandhung
  • Owah gingsir
  • Papa cintraka
  • Pasang rakit
  • Puji pandonga
  • Rahayu slamet
  • Rame gumuruh
  • Rebut dhucung
  • Reka daya
  • Remuk rempu
  • Sabar drana
  • Sambat sebut
  • Sapa aruh
  • Sato kewan
  • Sayuk rukun
  • Sembah sujud
  • Sembah sungkem
  • Setya tuhu
  • Sisik melik
  • Sisip sembir
  • Solah bawa
  • Solah tingkah
  • Sotya retna
  • Suka rena
  • Tambal sulam
  • Tandang grayang
  • Tandang tanduk
  • Tanem tuwuh
  • Tapa brata
  • Tata karma
  • Tata rakit
  • Tata trapsila
  • Tedheng aling-aling
  • Teguh santosa
  • Tepa palupi
  • Tepa tuladha
  • Terang trawaca
  • Tindak tanduk
  • Tingkah laku
  • Ubeng inger
  • Undha usuk
  • Utang selang
  • Wadya bala
  • Watak wantu
  • Welas asih
  • Wiring isin
  • Wor suh
  • Wulang wuruk
  • Tembung Keretabasa

    Tembung Keratabasa yaitu kalimat atau kata yang cara pengartiannya hasil dari rekayasa atau utak-atik agar sesuai.
    Misalnya:
    Desember : Gedhe-gedhe sumber ( saat dimana sumber air mudah didapat karena banyak )
    Desember merupakan nama bulan yang mana pada bulan tersebut merupakan musim penghujan. Kata desember terus direkayasa dijabarkan menjadi 'gedhe-gedhene sumber' maksudnya pada bulan desember sumber air mencapai pada puncaknya, karena pada bulan tersebut sering hujan.
    Contoh lain:
    1. Bocah : Mangane koyo kebo pegaweane ora kecacah
    Artinya makannya seperti kebo ( lahap ) tapi dalam hal kerjaan tidak ada apa-apanya.
    2. Bapak : Bab apa-apa wis pepak
    Artinya seorang bapak itu sudah sarat dengan pengetahuan dan pengalaman ( pepak )
    3. Guru : Digugu lan ditiru
    Artinya guru adalah seorang yang menjadi tauladan
    4. Tuwa : Ngenteni metune nyawa
    Artinya bahwa orang yang sudah tua tinggan menanti keluarnya nyawa ( mati )
    5. Maling : Njupuk amale wong sing ora eling
    Artinya bahwa maling itu hanya mengambil barang orang-orang yang lupa berbuat amal

    arti dari kata tersebut hanyalah untuk perumpamaan yang mungkin saja beda waktu dan tempat akan berubah artinya disesuaikan dengan saat kata-kata itu dipakai.

    Olahraga

    Badan iki mesthi kajaga
    Aja nganti kena lelara
    Yen lara, awak tanpa daya
    Tan bisa nyambut gawe
    Aras-arasen
    Lungkrah,
    Wegah ing gawe lan ngibadah
    Mula ayo padha olahraga
    Kanthi teratur lan temenan
    Kareben badan sehat
    Kuat, sentosa, lan prakosa

    Olahraga, olahraga lan olahraga

    Ikhlas

    Apa kowe wis ora kelingan
    Kelingan marang janji-janjimu marang aku
    Kang sineksen mring udan mawa angin
    Jaremu kowe mung tresna marang aku
    Nanging nyatane apa?
    Kowe mblenjani kabeh janjimu
    Kowe medhot taline asmara
    Kowe nyandhing marang wong liya
    Ya aku mung bisa ikhlas marang kasunyatan
    Iki pancen wis nasibku

    Kudu pisahan karo kowe

    Tak Kabulake Panjalukmu

    Dening: Ervin Y S

    Ning kene, ning taman cedhak kampus aku karo bocah lanang sing wis sah dadi pacarku. Bocah lanang bagus, irunge mancung, lan pawakan dhuwur iki sing dadi pikiranku wetara 3 taun suwene. Mbiyen aku mung bisa nyawang saka kadohan, nanging wis 6 sasi lawase nalika aku ora nyadari yen aku sing ngomong menawa aku tresna marang dheweke ana ing tengah lapangan kampus, saiki aku bisa nyawang dheweke saka cedhakan kapan wae.
                Saiki dheweke lagi mangan panganan sing takgawe.
    “Sayang, piye rasane panganane? Enak apa ora?” Pitakonku marang dheweke karo tak sawang.
    “Hmmm…” Yudi namung nggereng.
                Mesthi namung ngomong kaya mangkono, dheweke ora tau ngakoni yen aku iki pacare. Aku ya krasa menawa dheweke ora tresna marang aku. Nalika wonge  nyawang aku, ora ana rasa sing istimewa kanggo aku.
    “Mangane alon-alon wae, ora usah kesusu.” kandhaku marang dheweke karo ngresiki sing cepres ana lambene.
    “Aja nyandhak aku sakpenakmu.” Dheweke nyampluk tanganku karo kasar.
                Dheweke mesthi ngomong kaya ngono nalika aku nyandhak dheweke. Mbuh piye, dheweke ya ora tau gelem nalika takgandheng tangane, dheweke ngomong yen cara ngono kuwi kaya bocah cilik.
    “Aku kan mung ngresikki sing cepres, kena apa kowe mesthi kaya ngene.” Pitakonku lirih.
    “Aku wis ngomong, aja tumindak yen kowe kuwi dadi pacarku temenan. Aja ngarepake sing luwih saka hubungan iki!” Yudi nggetak aku terus menyang lunga.
                Aku namung bisa nyawang dheweke sing terus-terusan ngadohi aku. Nanging dheweke mandhek lan marani aku maneh.
    “Ayo ning kelas, aku moh nak telat mlebu kuliyah.” Dheweke ngomong kaya mangkono, tak kira dheweke arep njaluk ngapura marang aku.
    “Iya.” Aku ngetutke saka mburi, ngerti-ngerti dheweke mandhek lan madhep mburi, lan aku nabrak awake. Dheweke ngelungake wadah pangananku mau.
    “Iki wadahmu, mulai sesuk lan sateruse ora usah nggawekake panganan maneh. Masakanmu iku ora enak, lan aja nyeluk aku sayang, kuwi aku gila.” Dheweke ngomong banjur mlebu kelas.
    “Jarene ora enak, nanging nyatane ya entek.” Tak bukak wadhah pangananku jebule kosong ora ana isine. Banjur aku mlebu kelas lan ing sisih panggonanku wis ana kanca kenthelku sing jenenge Hana, aku wis kenal dheweke suwe amarga tanggaku.
    “Eh…” guyonanku, nanging Hana nyawang aku kanthi ekspresi sing ora menak.
    “Rika, kowe nggawe panganan maneh kanggo Yudi? Tekan kapan kowe arep kaya ngene? Kowe apa ora ngerti, dheweke ora tresna karo kowe. Yudi nampa kowe amarga dheweke mung kepengin kowe dadi dolanan. Rika goblok!!” Hana mesthi ngomong kaya mangkono, dheweke mesthi ngakon aku supaya ora tresna marang Yudi maneh. Amarga dheweke krasa menawa aku digawe lara ati wae dening Yudi.
    “Ben aku dadi wong egois kanggo masalah iki.” Jawabku sakanane.
    Nyawang Yudi pas lagi serius kuwi nyenengke banget. Dheweke ketok tambah ganteng pas lagi mesem. Aku ora peduli wong-wong arep ngomong kepiye tentang aku, sing penting aku tresna marang pacarku, aku arep mertahanke hubungan iki.
    **
                Dina iki aku ngajak Yudi kencan, amarga sasuwene 6 sasi, yen aku ngajak dheweke kencan mesthi ngomong ora gelem. Aku kudu berhasil ngajak dheweke kencan dina iki.
    “Aku njaluk tulung dina iki tok, aku pengin ning taman hiburan. Ayo, awake dhewe kan ora tau kencan.” Panjalukku marang Yudi,
    “Aku moh!!! Ngisinke”. Jawabane Yudi sing arep lunga nanging tangane ketarik, banjur aku ngomong maneh.
    “Ayo pokoke, yen kowe mengko wis bosen, kowe muliha dhisik.” Panjalukku maneh. Muga-muga dheweke ora nolak.
    “Ck… Hish…Crewet!!!.” Getakane Yudi, nanging gelem mangkat kencan.
                Sawise tekan taman hiburan, aku lan Yudi numpak kabeh wahana kang ana ing kana. Aku ngerti dheweke ya seneng amarga dheweke ngguya-ngguyu pas nyawang aku keweden. Saiki wayahe numpak bianglala, saka dhuwur kota iki katon endah amarga cahaya lampu gedung lan kendharaan.
    “Wah…endah banget.” Tak sawang Yudi mung mesem karo nyawang aku. Aku ora bisa nglakoni apa-apa maneh, iki eseman kang durung tau tak weruhi. Dheweke mesem kanggo aku.
    “Yud, kowe ngerti? Pas kowe mesem, kowe ketok tambah ganteng.” Pujiku
    “Hmm…” jawabane Yudi singkat.
    “Ewadene kowe nduwe pepengin, apa sing arep kok pengini? Aku arep usaha ngabulake panjalukmu.” Pitakonku marang Yudi
    “Apa bener kowe arep ngabulake?” Yudi samsaya nyedhak,
                Dheweke terus nyawang aku. Jarak samsaya tipis, dheweke ngambung aku. Iki ciuman sing pertama.
    “ Apa dheweke wis tresna marang aku?” Pitakonku ing jero ati.
    “Aku pengin kowe lunga saka uripku, aku pengin kowe cepet-cepet mutus aku, aku bosen saben dina kowe ana ing sisihku. Apa bisa?” Jawabane saka Yudi
                Atiku rasane remuk, mocar-macir. Takkira dheweke ngambung mau, miwiti menawa dheweke wis mulai tresna marang aku, nanging nyatane ora. Dheweke wis kerep ngomong supaya aku cepet-cepet mutusake dheweke.
    “Aku ora bisa, aku moh!!. Apa sing mbok lakoni, aku ora peduli. Aku arep mertahanke sakkuatku. Aku tresna marang kowe. Aku ngerti kowe tresna marang aku nanging mung sithik. Ngapurane.” Aku nangis, eluhku ora kuat taktahan.
                Bianglala wis mandhek lan Yudi mudhun dhisik. Aku sibuk ngelapi eluhku mau.
    “Aja rumangsa lan aja ngimpi aku tresna marang kowe. Kuwi ora mungkin klakon.” Dheweke banjur lunga ninggalake aku.
    ***
                5 dina sawise ana kejadian ing taman hiburan, Rika ora mangkat kuliyah. Yudi ngrasa rada kuwatir, nanging mung sithik. Dheweke mikir, apa kata-katane kae kejeron. Jan-jane pas ana ing sacedhake Rika, jantunge krasa deg-degan lan gugup. Nanging kanggo nutupi rasa gugupe mau, dheweke kasar marang Rika. Apa mungkin Yudi mulai tresna marang Rika? Ora mungkin!
    “Dheweke ning endi? Pacar kaya apa dheweke iki? Kena apa ora menehi kabar babar blas?” pitakone Yudi ana ing jero ati.
    Dheweke pengin takon marang Hana , nanging gengsi.
    “Ana apa marang dheweke? Hah..wislah kanggo apa aku peduli. Kaya ngene luwih apik amarga ora ana sing ngganggu aku.” batine Yudi
    ***
    “Rika…..” bengokane Hana pas aku mlebu ana kelas.
    “Ora usah bengok-bengok, brisik banget.” Jawabku
     “Apa kowe wis mari? Kan kowe isih lara? Ngapa dipeksa mlebu kuliyah?” pitakone Hana sing akeh banget, dheweke pancen kanca kenthelku.
    “Aku wis mari, ora apa-apa. Tenang wae.” Jawabku kanggo nutupi. Jan-jane sirahku ya isih mumet, nanging tak peksa mangkat kuliyah supaya aku ketemu pacarku Yudi, sing ora tau nakoki piye kabarku suwene seminggu iki. Paling dheweke gengsi.
                Dheweke teka. Yudi wis teka. Dheweke nyawang aku kanthi ekspresi lega. Apa iku tandane dheweke kuwatir dening keslametanku? Aku banjur marani dheweke.
    “Yud, aku njaluk ngapura ora menehi kabar marang kowe seminggu iki. Aku lagi ana kepentingan kluarga. Kowe ora nesu kan? Aku kangen banget marang kowe.” Jelasku karo nyikep dheweke, iki kadingaren dheweke ora nolak.
    “Apa kowe ora tau mangan? Awakmu kuru banget!” pitakone karo ngeculake sikepanku.
    “Pancen akhir-akhir iki aku kerep muntah lan ngelu. Aku ya kurang turu.” Jawabanku marang dheweke.
    “Paling amarga kowe keselen.” Pitakone yudi maneh.
    “Kowe kuwatir marang aku? Nuwun, aku tresna marang kowe. Cup..” aku ngambung Yudi banjur aku mlayu metu saka kelas.
                Bungah banget atiku dina iki. Yudi kuwatir dening aku. Yeeyy ……
    ***
                Yudi deg-degan banter banget pas Rika ngambung mau. Raine ngerti-ngerti maleh dadi abang.
    “Duh Gusti, kena apa aku deg-degan nanging rasane seneng banget? Apa aku wis tresna marang Rika?. Aku kudu cepet-cepet mbubarake iki kabeh. Aku moh yen tresnaku samsaya akeh. Aja nganti!” Batin Yudi ing jero atine. Dheweke mikir kepriye carane mbubarake iki kabeh. Supayane Rika njaluk putus.
    ***
                Pirang-pirang dina iki polahe Yudi samsaya apik. Muga-muga iki tandane yen dheweke tresna marang aku. Aku arep ning kelas kanggo menehake hadiah. Muga-muga dheweke seneng karo hadiahku. Dina iki kampus lumayan sepi, nalika aku lewat lorong, aku weruh Yudi, ngambung bocah wadon liya. Duh Gusti atiku lara maneh. Kena apa dheweke nglakoni iki? Aku ndelik, eluhku netes maneh. Iki samsaya gawe atiku tambah mocar-macir.
    “Aku tresna banget marang kowe. Ora usah peduli marang bocah wadon sing jenenge Rika kuwi. Dheweke namung benalu kanggoku. Dheweke goblok banget kanggo dadi pacarku. Kowe percaya marang aku ta?” pitakone Yudi marang bocah wadon kuwi , banjur disikep.
                Aku wis ora tahan, aku wis ora kuat. Aku benalu? Aku banjur lunga. Iki atiku rasane remuk tenan. Sirahku rasane tambah lara, dadaku dadi sesek.
    ***
                Nalika Yudi ngerti Rika arep ning kelas, banjur dheweke ngakon bocah wadon mau supaya ngambung dheweke. Yudi sengaja nglakoni iki supaya Rika cepet-cepet njaluk putus.
                Wis 2 minggu punjul Rika ora mangkat. Yudi bener-bener krasa salah. Dheweke kuwatir karo Rika. Tau pisan dheweke takon marang Hana nanging digetak.
    “Aku ora ngerti, ngapa kowe takon masalah Rika. Kowe sapane Rika??!! Sawise apa sing wis kok lakoni, ora usah peduli karo Rika maneh. Kowe ngomong yen Rika kuwi benalu.” Jawabane Hana sing sengit.
                Kelas kosong amarga dosene ora rawuh. Yudi nyawang Hana sedhih nalika nampa telpon. Sithik-sithik Hana ngomong jenenge Rika. Hana lunga karo kesusu. Tanpa mikir dawa Yudi mbuntuti Hana.
                Satekane ing rumah sakit, Yudi nyawang Hana nangis ing salah sawijining ruangan.
    “Sapa sing ditangisi?” batin Yudi. Banjur ana ibu-ibu sing nyeluki Yudi.
    “Yudi, kowe Yudi?” Pitakone ibu-ibu mau kang tembem mripate amarga bekas nangis.
    “Nggih leres, kula Yudi.” Jawabane Yudi kanthi sopan.
    “Pantes… kowe pancen bagus. Nuwun, kowe wis dadi alesan Rika kanggo tahan urip suwe.” Jelase ibune Rika.
                Yudi samsaya tambah bingung, ana apa iki sabenere. Aja-aja Rika… banjur Yudi mlayu ana ruangan kuwi.
    “Rika…” Yudi mbengok.
                Pacare, iku Rika bocah sing ditresnani nanging wis kaku lan wis ora ana nyawane kanthi mesem. Yudi nangis.
    “Iki Rika? Rikaku??” Yudi ngomong lirih karo nangis.
    “Aku wis tresna marang kowe Rika, ayo tangi. Apa kowe wis ora kangen aku maneh? Rikaaaaaa…” Yudi mbengok banter lan tangise uga samsaya banter.
                Kijing Rika sing dadi seksi. Kepriye larane ati Yudi. Dheweke nyesel banget wis ngapusi atine dhewe. Yudi bener-bener tresna marang Rika.
    “Rika lara leukemia 4 taun kepungkur. Dheweke ora gelem dirawat, nanging sawise dheweke ngerti kowe ing kampus 3 taun kepungkur, dheweke lagi gelem dirawat. Rika ngomong yen dheweke kudu urip kanggo sawijining wong sing ditresnani.” Jelasane ibune Rika karo ngelungake surat saka Rika kanggo Yudi.
    Yudi krasa yen awake dadi bocah sing paling dosa. Dheweke wis nyia-nyia wong sing tresna banget marang awake. Yudi buka surat mau.
                Kanggo sayangku Yudi,
    Aku kangen kowe. Nuwun wis dadi pacarku. Aku wis seneng. Ngapurane wis ninggalake kowe ngono wae. Kowe kudu urip kanthi luwih apik maneh. Aja nganti telat mangan. Kowe kudu golek pacar sing tresna marang awakmu. Oo ya Yud, aku arep ngabulake panjalukmu.
    “YUDI, AYO AWAKE DHEWE PUTUS”
    Aku tresna marang sliramu, Yudi pacarku.
    “Aku uga tresna marang awakmu Rik. Aku njaluk pangapurane. Awake dhewe bakal ketemu mbesuke. Nuwun Rika sayangku.” Omonge Yudi karo mesem nanging eluhe mbrebes mili ana ing pipi.


    Wangsalan

    Rabu, 18 Desember 2013

    Wangsalan

    Jenang gula, kowe aja lali
    ( jenang gula : gulali = lali )
    Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
    ( Sekar aren : dangu = dangu )
    Njanur gunung, kadingaren
    ( Janur gunung : Aren = Kadingaren )
    Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.
    ( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )
    Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung
    ( Balung janur : Sada = usada )
    Reca kayu, goleka kaweruh rahayu
    ( Reca kayu : Golekan = goleka )
    Ngembang garut nggremeng ora karuwan
    ( kembang garut = gremeng = nggremeng )
    Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
    ( kembang kacang : besengut =  mbesengut )
    Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.
    ( kembang jambu : karuk =  kemaruk )
    Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
    ( Roning mlinjo : so = ngaso ).
    Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.
    ( klapa mudha : degan = kalegan )
    Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.
    ( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )
    Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
    ( witing klapa : glugu = salugune )
    Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja
    ( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )
    Mbok aja nglemah bengkah
    ( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )
    Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
    ( Gayung sumur : Timba = Kemba )
    Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
    ( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )
    Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras
    ( godong garing : Klaras = nglaras )
    Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
    ( Balung geni : Mawa = Menawa )
    Balung pakel, aja seneng alok-alok
    ( Balung pakel : Pelok = alok – alok )
    Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung
    ( Bayem arda : Lanteng = anteng )
    Kuku gantung, sawangan kang adi luhung
    ( Kukus gantung : sawang =  sawangan )
    Durna putra, ngudiya basa utama
    ( Durna putra : aswatan = ngudiya )
    Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya
    ( bibis tasik : undur – undur )
    ( Tasik manda winor tirta : Parem )
    Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama
    ( Tapas aren : duk )
    ( Aren arab wijilira : Kurma )
    Kancing gelung munggweng dadha, titenana!
    ( Kancing gelung : Peniti = Titenana )
    Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
    ( mentil kacang : sungut = mrengut )
    Mung pingin nggentha dara
    ( nggentha dara : sawangan = nyawang )
    Kahananmu saiki, jan..mandan rawa
    ( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )
    Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika
    ( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )





    1. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.
    (babon kirik = asu, batangane nesu).
    2. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. 
    (Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)
    3. Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. 
    (Babal bunder =elo).
    4. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! 
    (Jangan gori = gudheg)
    5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. 
    (bayem arda = lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
    6. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.
    (mina galak ing samodra =iwak cucut)
    7. Petis manis, ngucapna tembung sing manis.
    (petis manis = kecap)
    8. Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.
    (pandhan rawa = wlingi)
    9. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !. 
    (pring dhempet = andha)
    10. Dom jala, coba aku kandhanana ! 
    (dom jala = coba)
    11. Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur. 
    (bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )
    12. Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. 
    (sayengkaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)
    13. Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.
    (Ratune para jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )
    14. Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. 
    (carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)
    15. Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. 
    (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)
    16. Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. 
    (bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)
    17. Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. 
    (Cangkok kalapa = bathok )
    18. Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. 
    (Carang wreksa = pang)
    19. Baligo amba godhonge, kudu santoseng kalbu. 
    (baligo amba godhonge = labu)
    20. Tengareng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu terang ing pikir. 
    (tengaraperang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang )


    Diberdayakan oleh Blogger.