Tembung
kuwi mesthine asring keprungu, biyasane ya ana ing tulisan kang ditulis ana ing
mburi truk pasir. Tembung kang njawani iku ditulis ana ing sandhinge
foto Presiden kaping pindho RI, yaiku Pak Soeharto kang lagi mesem.
Ora sadar
akeh uwong kang padha gunakake tembung kuwi lan didadekake slogan andalan. Ora
ngerti kuwi disengaja utawa ora disengaja, mesthine awake dhewe banjur kelingan
kahanan ana ing jaman pemerintahane Pak Soeharto, dhewe kelingan rega bahan
bakar minyak (BBM) sing murah, banjur rega sembako ya murah, lan rega-rega
liyane sing murah.
Beda banget
karo kahanan kang ana ing jamane Pak Soeharto, kahanan Negara Indonesia saiki
sansaya ruwet lan ora karuan. Akeh konflik, durung maneh masalah ekonomi,
khususe masalah rega BBM sing mundhak.

Mundhake
rega BBM berbanding linear karo rega
barang lan jasa, khususe rega sembako. Sakdurunge resmi diumumake rega BBM sing
anyar, rega BBM kang ana ing pasaran wis mundhak. Apa maneh sawise diumumake
mundhak, rega sembako sansaya mundhak.
“Waktunya
anak naik kelas, masuk sekolah baru, masuk kuliah, kok harga BBM naik. Apalagi
mau puasa, disusul lebaran ... jika harga BBM naik, tentu tarif angkutan kota
juga naik. Ongkos angkot naik, harga jajan di kantin naik” (Koran Sindo Juli
2013). Tembung kuwi sejatine ya bener. Mundhake rega BBM ora ndelok piye
kahanane masyarakat Indonesia. Yen arep pasa utawa Idul Fitri biyasane
rega-rega padha mundhak, apa maneh ditambah rega BBM sing mundhak mesthine
regane sansaya mundhak ora karuan. Sak liyane saka kuwi rega angkutan umum ya
mundhak. Ananging ana pira-pira sopir sing ngundhakake rega angkot sakpenake
dhewe ora manut aturan kang ana.
“Kerusakan
pagar gedung DPR akibat demonstrasi kenaikan BBM dilaporkan
mencapai 5 milyar rupiah, jalan tol tidak beroperasi menelan kerugian
1,5 Milyar, dan tentu banyak lagi kerugian demonstrasi anarkis kalau
mau dihitung satu-persatu. Orang pun berandai-andai, seandainya uang 5 milyar itu dipakai untuk memperbaiki jembatan putus, jalan rusak, sekolah rusak dll, tentu
jauh lebih bermanfaat, jauh lebih berguna” (ilham-rahmat.blogspot.com 2013). Kuwi salah sawijining akibat saka mundhake rega BBM. Kerusuhan, demo anarkis ana ning ngendi-ngendi. Demo anarkis mau ngerusak lingkungan umum lan ngerugekake akeh pihak. Masyarakat ngetokake emosi lan reaksi sing kebablasen utawa ora mikir apa akibat saka demo anarkis mau. Kanggo mbenerake lingkungan umum, gedung-gedung lan sakpanunggalane mau kuwi butuh ragat kang ora sithik. Sakdurunge ngelakoni kudune uwong mau bisa mikir ndhisik demo kuwi bener apa ora.

"Kami masyarakat Papua setuju
kenaikan harga BBM. Menjadi Rp 6.500,00/liter pun nggak masalah, yang penting
di SPBU jangan kosong. Toh kami terbiasa membeli bensin eceran yang harganya Rp
18.000,00. Bahkan kalau lagi kosong, kami biasa beli sampai Rp 70.000,00/liter.
Jadi kalian masyarakat Pulau Jawa sebelum melakukan demo harga BBM naik, coba
pikirkan nasib kami yang tinggal di Papua. Minyak kalian sedot untuk supply ke
Pulau Jawa, sedangkan kami kekosongan bahkan kosongnya kadang-kadang sampai
berminggu-minggu sudah hal biasa. Kalian di Pulau Jawa baru naik Rp 1.500,00
dan kekosongan di SPBU 1 atau 2 hari sudah ribut luar biasa, sampai berbuat
anarkis dan diliput media. Ingat!!! Indonesia bukan hanya Pulau Jawa"
(Kuntawiajo.tumblr.com 2013). Kahanan iku kahanan kang mrihatinake. Saka
kahanan kuwi kudune masyarakat khususe Jawa ora usah ngeributake, ngelakoni
demo anarkis pas rega BBM mundhak. Jebul iseh ana rakyat Papua sing bisa nerima
yen rega BBM mundhak, amarga biyasa tuku bensin rega Rp 18.000 /liter, yen pas
kosong bisa nganti Rp 70.000 /liter. Rakyat Papua mung pengen supply BBM
menyang Papua lancar. Angel ngentukake bensin ing kana.
Sapa sing bisa disalahake saka
kahanan iki?Dhewe rakyat biyasa mung bisa nerima apa keputusan kang digawe karo
wong gedhe sing duweni kuwasa.
0 komentar:
Posting Komentar