Dasanama

Kamis, 26 September 2013

(Sumber/ source :Abikusno. 1988. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.)

Tembung dasanama
Tembung Jowo
abang
Abrit, ambranang, dadu, jingga, merah, rekta
anak
Atmaja, putra, suta, siwi, sunu, tanaya, weka, yoga
angin
Banyu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung
alas
Jenggala, wana, wanadri
arep
Apti, arsa, ayun
asu
Sona, srenggala
ati
Driya, galih, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya
awak
Angga, raga, tubuh
bangke
Jisim, kunarpa, kuwanda, mayit, wangke, sawa
bapak
Rama, sudarmana, sudarmi, yayah
bledheg
Bajra, erawati, gelap, Guntur
bodho
Blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pinging, punggung
bumi
Bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratala, pratiwi
buta
Asura, danuja, diyu, ditya, denawa, jaksa, kelana, raseksa, wil
dalan
Dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, rattan, sopana
desa
Dhekah, dhukuh, dhusun
dewa
Apsara, bathara, dewata, hyang, jawata, sura, widadara
dhewe
Pribadi, priyangga
gajah
Asti, dipa, dipangga, dirada, esthi, liman
gaman
Badhama, sanjata
gawe
Kardi, karya, karti
geni
Agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka
getih
Ludira, rudhira
gludhug
Grah, gurnita, Guntur, pater
gunung
Aldaka, ancala, arga, ardi, giri, meru, parwata, prabata, wukir
ibu
Biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
ijo
Royo-royo, wilis
ireng
Langking, kresna
iwak
Matswa, mina, ulam
jaran
Aswa, kapal, kuda, swa, titihan, turangga, undhakan, wajik
jeneng
Asma, jejuluk, pararab, rum-rum, sambat, wewangi
kali
Bangawan, narmada
kanca
Kanthi, rewang, rowang
kaya
Kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindah, yayah
kebo
Maesa, misa, mundhing
keris
Curiga, ratangga, pedhati, wimana, yana
kesengsem
Brangta, brangti, gandrung, kandhuhan, kasmaran, krungrungan, mangunkung, lengleng, wulangun
kethek
Juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre
kraton
Dhatulaya, kadhaton, kadhatun, pura, puri
kuning
Jenar, kapuranta, pita
Lanang
Jaler, jalu, kakung, priya
langit
Akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
lara
Agring, gerah, gering, roga
lintang
Kartika, sasa, sudama, taranggana, wintang
macan
Mong, sardula
mangan
Boga, bukti, dhahar, madhang, nadhah, nedha
manuk
Kaga, kukila, paksi
mata
Aksi, eksi, mripat, netra, soca
mati
Antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal donya, murud, padhem, palastra, pralaya, pralena, seda, tinggal donya
misuwur
Kajanapriya, kajuwara, kalok, kaloka, kasub, kawarti, kasusra kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap
omah
Graham, panti, wisma, yasa
panah
Astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra
pandhita
Ajar, dwija, dwijawara, maharsi, mahyeksi, muni, resi, suyati, wiku, wipra, yogiswara
pedhang
Candrasa, sabet
perang
Bandayuda, jurit laga, pupuh, rana, yuda
paprangan
Pabaratan, palagan, payudan, rananggana
pinter
Guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widigda, widura, wignya
putih
Dwala, pingul, seta
rambutan
Keswa, rema, weni
ratu
Aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, naradipa, naradipati, narpa, narpati, narendra, nareswara, nata, pamasa, parameswara, raja, sri, sri, sribupati
rembulan
Badra, basanta, candra, lek, sasadhara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan
rusak
Brastha, punah, rabasa, remak, rug, rurah, swuh
sagara
Ernawa, jalanidhi, jladri, laut, samodra, tasik
sedhih
Duhkita, kingkin, margiyuh, rimang, rudah, rudatin, rudatos, rudita, sungkawa, susah, tikbra, turida, wigena
senapati
Bretyapati, hulubalang, narawara, senapatya
seneng
Girang, harsana, harsaya, sukengkapti, trustha
serik
Eru, rengu, runtik
sirah
Kepala, kumba, murda, mustaka, ulu, utamangga
slamet
Basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana
srengenge
Arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, ratitya, radite, rawi, surya, we
turu
Guling, nendra, sare
udan
Jawah, riris, warsa
ula
Sarpa, taksaka
utusan
Caraka, cundaka, duta
wadon
Dayinta, dyah, gini, juwita, kusuma, putrid, retna, rini, wanita, wanudya
weruh
Anon, myat, priksa, udani, uning, uninga, upiksa, wikan, wrin
widadari
Apsari, bathari, dewi
wong
Jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara


Babad Dipongoro lan Babad Negarakertagama Penting Kanggo Donya

Senin, 02 September 2013

UNESCO nglebokake naskah kuna Babad Diponegoro lan Babad Negarakertagama ana ing Daftar Ingatan Dunia ( Memory of The World ). Naskah kasebut dianggep menginspirasi nasional, regional, utawa global.            Kapentingan Indonesia nglebokake Babad Diponegoro lan Babad Negarakertagama kuwi kanggo nglestarekake lan mempromosikan manuskrip kuna kasebut.            Babad Diponegoro yaiku catetan pribadhi sing ditulis dening Pangeran Diponegoro, rikala diasingke menyang Manado, Sulawesi Utara, Mei 1831-Februari 1832. Catetan kuwi ditiulis nganggo bentuk macapat sing bisa dibiji kanggo otobiografi ingkang sepisan ing literatur Jawa moderen..            UNESCO banjur nerima Negarakertagama kang ditulis dening pujangga Majapahit yaiku Empu Prapanca. Negarakertagama nyeritakake keraton Majapahit sing gedhe saka pimpinan Hayam Wuruk lan Patih Gajah Mada. Hayam Wuruk lan Patih Gajah Mada digambarake peduli karo rakyate, makmur masyarakate, lan sakpanunggalane.
            Pengajuan Babad Diponegoro lan Babad Negarakertagama dilakokake dening Perpustakaan Nasional lan Koninklijk Instituut voor Tall-Land-en Volkenkunde (KITLV) utawa lembaga Kerajaan Ilmu Bahasa, Negara, lan Antropologi Belanda.            Naskah salinan Babad Diponegoro sing ditulis nganggo basa Jawa sing nduwe Perpustakaan Nasional, lan Babad Diponegoro sing bentuke manuskrip ditulis nganggo Arab Gundul, tulisan tangan Diponegoro, disimpen ana ing Belanda.            Saka tulisan ing dhuwur kuwi dhewe sing dadi wong Indonesia khususe wong Jawa asli kudune bisa ngrasa bangga lan seneng amarga kabudayan jawa asli bisa dilebokake utawa diakui dening UNESCO. Kuwi artine yen jawa iki nduweni kabudayan kang apik lan prelu dilestarekake. Wong luar negeri gelem nglestarekake, dhewe sing wong jawa asli kudune ya bisa nglestarekake budayane dhewe, isin yen dhewe ora gelem lan ora bisa nglestarekake. Akeh kabudayan sing durung bisa dilestarekake. Kuwi kabukti saka akehe naskah-naskah kuna kang ilang ora ngerti ning ngendi. Sapa sing prelu disalahake yen naskah penting kuwi ilang?
Diberdayakan oleh Blogger.